Minggu, 31 Maret 2013

KINANTHI

Lagu Pambuka Laras Madya “NGESTI BUDOYO” Desa Adipuro

“KINANTHI”

1.    Kanthi rinakiting tembung,
Atur karya murwakani,
Ing giyaran sholawatan,
Laras Madya pan lestari,
Mring sagung para miyarsa,
Dadya panglipur sejati.

2.    Paguyuban kang setuhu,
Ngesti Budaya puniki,
Saking manunggaling karsa,
Sadaya samya nyawiji,
Aneng Adipura desa,
Amrih manunggal ing budi.

3.    Ngesti Budaya puniku,
Paguyuban angesuhi,
Supaya samya manunggal,
Aneng paguyuban iki,
Ingkang anderbeni karsa,
Desa Adipura neki.

4.    Budaya ingkang linangkung,
Wus manjing neng sanubari,
Dasar ngemot ing tuntunan,
Islam Agama kang suci,
Minangka kanggo panutan,
Sagunging para sujalmi.

5.    Mugya Dzat kang Maha Agung,
Paring rahmat lan mberkahi,
Mring warga Ngesti Budaya,
Lan Adipura puniki,
Mugya tetepa THOYIBAH,
Tata tentrem lahir batin.

6.    Sapunika wacanipun,
Sholawat den wiwiti,
Mugya tansah cinaketna,
Ing suka saha basuki,
Tinebihna ing rubeda,
Ing siyang pantara ratri.


Kaanggit ing Adipuro, Dinten Kamis Legi Surya :     13 Dzulqo’dah 1426 H.
                                                                                     15 Desember 2005 M

                                                                                      Kepala Desa Adipuro



                                                                                      H.M.SUMITRO KARIM AMRULLAH

Tidak ada komentar:

Posting Komentar